Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 15:48-55 Kitab Sutji (JAV)

48. Titah-titah kadonyan iku padha karo kang asale saka lemah mau, dene titah-titah kaswargan iku padha karo Panjenengane kang asale saka ing swarga.

49. Sarta kayadene kita wus kadunungan rupa kadonyan, mangkono uga kita iya bakal kadunungan rupa kang saka ing swarga.

50. Iki kang daktuturake marang kowe, para sadulur: daging lan getih ora bisa tampa panduman Kratoning Allah, lan kang kena ing rusak iku ora tampa panduman kang ora rusak.

51. Padha gatekna, aku nglairake sawijining wewadi marang kowe: kita bakal padha ora ngalami mati kabeh, nanging kita kabeh bakal padha malih rupa,

52. ing sakedhap netra, bareng karo unine kalasangka kang wekasan. Awitdene kalasangkane bakal muni, para wong mati banjur bakal katangekake kalawan kadunungan kaanan kang ora kena ing rusak lan kita padha malih rupa kabeh.

53. Sabab kang kena ing rusak iki kudu ngrasuk kang ora kena ing rusak, lan kang kena ing pati iki ngrasuk kang ora kena ing pati.

54. Lan sawise kang kena ing rusak iki ngrasuk kang ora kena ing rusak, sarta kang kena ing pati iki ngrasuk kangora kena ing pati, ing kono bakal kayektenan pangandikaning Pangeran kang tinulis, wiraose: “Pati wus kalebur ing kaunggulan.”

55. Heh pati, ana ing ngendi kaunggulanmu? Heh pati, ana ing ngendi entupmu?

maca bab lengkap 1 Korinta 15