Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 15:44-58 Kitab Sutji (JAV)

44. Kang kasebar iku badan kajiwan, kang katangekake iku badan kasukman.Yen ana badan kajiwan, uga ana badan kasukman.

45. Kaya kang tinulis, wiraose: “Manungsa wiwitan, Adam, iku dadi titah kang urip. Adam kang wekasan iku dadi sukma kang nguripake.”

46. Anadene kang dhisik tekane iku dudu kang kasukman, nanging kang kajiwan, sawise iku nuli kang kasukman.

47. Manungsa kang kawitan iku asale saka lemah sarta asipat kadonyan, dene manungsa kang kapindho asale saka ing swarga.

48. Titah-titah kadonyan iku padha karo kang asale saka lemah mau, dene titah-titah kaswargan iku padha karo Panjenengane kang asale saka ing swarga.

49. Sarta kayadene kita wus kadunungan rupa kadonyan, mangkono uga kita iya bakal kadunungan rupa kang saka ing swarga.

50. Iki kang daktuturake marang kowe, para sadulur: daging lan getih ora bisa tampa panduman Kratoning Allah, lan kang kena ing rusak iku ora tampa panduman kang ora rusak.

51. Padha gatekna, aku nglairake sawijining wewadi marang kowe: kita bakal padha ora ngalami mati kabeh, nanging kita kabeh bakal padha malih rupa,

52. ing sakedhap netra, bareng karo unine kalasangka kang wekasan. Awitdene kalasangkane bakal muni, para wong mati banjur bakal katangekake kalawan kadunungan kaanan kang ora kena ing rusak lan kita padha malih rupa kabeh.

53. Sabab kang kena ing rusak iki kudu ngrasuk kang ora kena ing rusak, lan kang kena ing pati iki ngrasuk kang ora kena ing pati.

54. Lan sawise kang kena ing rusak iki ngrasuk kang ora kena ing rusak, sarta kang kena ing pati iki ngrasuk kangora kena ing pati, ing kono bakal kayektenan pangandikaning Pangeran kang tinulis, wiraose: “Pati wus kalebur ing kaunggulan.”

55. Heh pati, ana ing ngendi kaunggulanmu? Heh pati, ana ing ngendi entupmu?

56. Mungguh entupe pati iya iku dosa, lan pikuwate dosa iku angger-anggering Toret.

57. Nanging puji sokur konjuk ing ngarsane Gusti Allah, kang paring kaunggulan marang kita marga saka Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.

58. Mulane para sadulurku kang kinasih, kowe padha dibakuh, ditanpa gingsir, lan tansah di sregep anggonmu nglakoni ayahane Gusti! Awit kowe padha sumurup, yen ana ing patunggilaning Gusti, kangelanmu mesthi ora muspra.

maca bab lengkap 1 Korinta 15