Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 15:31-48 Kitab Sutji (JAV)

31. Para sadulur, sadina-dina aku mati. Demi panggunggungku ing ngatase kowe ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita, kandhaku iki bener.

32. Yen ta cara manungsa, nalika ana ing Efesus aku nganti tarung karo kewan galak, bab iku apa ta paedahe mungguhing aku? Manawa wong mati padha ora katangekake, “payo padha mangan lan ngombe, awit sesuk kita padha mati.”

33. Kowe aja padha kasasar: Sesrawungan kang ala iku ngrusak padatan kang becik.

34. Padha dieling maneh kang temenan lan aja gawe dosa maneh! Sabab ing antaramu ana kang ora wanuh marang Gusti Allah. Bab iki daktuturake, supaya kowe padha rumangsa isin.

35. Nanging bokmanawa ana wong kang takon: “Wong mati iku kapriye anggone katangekake? Lan tekane maneh nganggo badan kang kaya apa?”

36. Heh wong bodho! Apa kang koksebar dhewe iku ora bakal thukul sarta urip, manawa ora mati dhisik.

37. Lan apa kang koksebar iku dudu wujuding tanduran kang bakal thukul, nanging wiji las-lasan, upamane wiji gandum utawa wiji liyane.

38. Nanging Gusti Allah maringi wujud, kaya kang kinarsakake, saben wiji, kaparingan wujud dhewe.

39. Sarupane daging iku ora padha: daging manungsa beda karo daging kewan, beda karo daging manuk, beda karo daging iwak.

40. Ana badan kaswargan lan ana badan kadonyan, nanging cahyane kang ana ing swarga ora padha karo kang ana ing bumi.

41. Cahyaning srengenge beda karo cahyaning rembulan, sarta cahyaning rembulan beda karo cahyaning lintang-lintang, lan cahyaning lintang kang siji beda karo cahyaning lintang sijine.

42. Mangkono uga mungguh bakal tangine wong mati. Kang kasebar iku nandhang karusakan, kang katangekake iku sinandhangan kalanggengan.

43. Kang kasebar iku nandhang nistha, kang katangekake sinandhangan kamulyan. Kang kasebar iku nandhang kaapesan, kang katangekake kadunungan kakuwatan.

44. Kang kasebar iku badan kajiwan, kang katangekake iku badan kasukman.Yen ana badan kajiwan, uga ana badan kasukman.

45. Kaya kang tinulis, wiraose: “Manungsa wiwitan, Adam, iku dadi titah kang urip. Adam kang wekasan iku dadi sukma kang nguripake.”

46. Anadene kang dhisik tekane iku dudu kang kasukman, nanging kang kajiwan, sawise iku nuli kang kasukman.

47. Manungsa kang kawitan iku asale saka lemah sarta asipat kadonyan, dene manungsa kang kapindho asale saka ing swarga.

48. Titah-titah kadonyan iku padha karo kang asale saka lemah mau, dene titah-titah kaswargan iku padha karo Panjenengane kang asale saka ing swarga.

maca bab lengkap 1 Korinta 15