Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 14:9-17 Kitab Sutji (JAV)

9. Mangkono uga kowe, kang padha calathu nganggo basa-roh: manawa kowe ora migunakake tembung-tembung kang cetha, kapriye bisane wong padha mangreti kang kokucapake? Dadine calathumu tanpa guna kaya nyalathoni angin!

10. Akeh warnane basa ing jagad iki, embuh pira cacahe, ewasamono ora ana siji bae ing antarane basa-basa mau kang tanpa teges.

11. Nanging manawa aku ora ngreti marang basa mau, aku rak ateges dadi wong manca tumraping wong kang migunakake basa iku, lan wong iku dadi wong manca tumraping aku.

12. Mangkono uga kowe: Kowe pancen padha nggayuh marang peparinge Sang Roh, nanging luwih becik maneh padha ngudia, supaya kowe bisa migunakake kanggo pambanguning pasamuwan.

13. Mulane sing sapa ngucapake basa-roh, nyenyuwuna supaya bisa njarwakake.

14. Sabab yen anggonku ndedonga nganggo basa-roh, iku rohku kang ndedonga, nanging akal budiku ora melu ndedonga.

15. Kang iku apa kang kudu daktindakake? Aku arep ndedonga nganggo rohku, nanging aku uga ndedonga nganggo akal-budiku; aku arep ngidung lan memuji nganggo rohku, nanging ngidung lan memuji nganggo akal-budiku uga.

16. Sabab, manawa anggonmu muji sokur mung nganggo rohmu, wong lumrah kang padha ana ing kono, kapriye anggone bisa ngamini pamuji sokurmu iku? Wong mau rak ora padha ngreti apa kang kokucapake?

17. Sabab sanadyan pamuji sokurmu iku iya becik banget, nanging wong liya ora kabangun.

maca bab lengkap 1 Korinta 14