Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 14:31-40 Kitab Sutji (JAV)

31. Ujer kowe kabeh padha bisa gentenan medhar wangsit, satemah kowe padha oleh piwulang sarta oleh panglipur.

32. Karodene rohing para nabi iku manut marang nabine.

33. Awit kang dadi keparenge Gusti Allah iku ora ngarsakake kaanan kang kisruh, nanging kang tata rukun.

34. Padha kaya ana ing sakehe Pasamuwane para suci, yen pinuju kumpulan wong wadon padha menenga, marga padha ora diparengake guneman, nanging prelu padha sumuyud, kaya kang kapangandikakake ana ing angger-anggering Toret.

35. Dene manawa kapengin nyumurupi apa-apa, becike padha takona marang bojone ana ing omah. Awit ora pantes tumraping wong wadon manawa guneman ana ing Pasamuwan.

36. Apa pangandikane Gusti Allah iku wiwite saka kowe? Utawa, apa tekane pangandika iku mung marang kowe dhewe?

37. Manawa ana wong kang rumangsa dadi nabi utawa kang kadunungan peparing karohanen, iku kudu eling, yen apa kang dakpituturake marang kowe iku, dhawuhe Gusti.

38. Nanging manawa wong iku ora nggatekake, iya aja kokgatekake.

39. Mulane, para sadulurku, padha ngudia supaya tampa peparing medhar wangsit, lan aja ngalang-alangi wong kang calathu nganggo basa-roh.

40. Nanging samubarang kabeh iku tumindaka kalawan patut lan tumata.

maca bab lengkap 1 Korinta 14