Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 14:28-39 Kitab Sutji (JAV)

28. Nanging manawa ora ana wong kang bisa njarwakake, becike wong-wong mau ana ing pasamuwan padha menenga bae, mung mosika ana ing atine dhewe, lan munjuk ana ing ngarsaning Allah.

29. Mungguhing nabi-nabi -- becike anaa loro utawa telu saka ing antarane kang padha medharake pitutur, dene liyane padha nanggapana kang padha diwedharake mau.

30. Nanging manawa wong panunggalane kang padha lungguhan iku ana kang kaparingan wangsit, prayogane kang dhisik iku menenga.

31. Ujer kowe kabeh padha bisa gentenan medhar wangsit, satemah kowe padha oleh piwulang sarta oleh panglipur.

32. Karodene rohing para nabi iku manut marang nabine.

33. Awit kang dadi keparenge Gusti Allah iku ora ngarsakake kaanan kang kisruh, nanging kang tata rukun.

34. Padha kaya ana ing sakehe Pasamuwane para suci, yen pinuju kumpulan wong wadon padha menenga, marga padha ora diparengake guneman, nanging prelu padha sumuyud, kaya kang kapangandikakake ana ing angger-anggering Toret.

35. Dene manawa kapengin nyumurupi apa-apa, becike padha takona marang bojone ana ing omah. Awit ora pantes tumraping wong wadon manawa guneman ana ing Pasamuwan.

36. Apa pangandikane Gusti Allah iku wiwite saka kowe? Utawa, apa tekane pangandika iku mung marang kowe dhewe?

37. Manawa ana wong kang rumangsa dadi nabi utawa kang kadunungan peparing karohanen, iku kudu eling, yen apa kang dakpituturake marang kowe iku, dhawuhe Gusti.

38. Nanging manawa wong iku ora nggatekake, iya aja kokgatekake.

39. Mulane, para sadulurku, padha ngudia supaya tampa peparing medhar wangsit, lan aja ngalang-alangi wong kang calathu nganggo basa-roh.

maca bab lengkap 1 Korinta 14