Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 14:19-33 Kitab Sutji (JAV)

19. Nanging ana ing pasamuwan aku luwih seneng ngucapake limang tembung kang bisa dimangreteni kanggo mulang wong liya, katimbang tembung pirang-pirang ewu ing basa-roh.

20. Para sadulur, pikiranmu aja kaya bocah. Nanging ing bab piala dikaya bocah, nanging pikiranmu dikaya wong diwasa.

21. Ing angger-anggering Toret ana tulisan mangkene: “Ingsun bakal mangandikani bangsa iki lumantar wong kang basane seje, sarta lumantar lambene wong manca; ewasamono bangsa iku ora bakal ngrungokake marang Ingsun, mangkono pangandikane Pangeran.”

22. Dadine basa-roh iku minangka pratandha kanggo wong kang padha ora pracaya, ora kanggo wong kang padha pracaya; dene pamedhar wangsit iku minangka pratandha kanggo wong kang padha pracaya, ora kanggo wong kang ora padha pracaya.

23. Kang iku manawa pasamuwan kabeh padha nglumpuk, lan saben wong padha calathu nganggo basa-roh, nuli ana wong jaba utawa wong kang ora pracaya padha lumebu, apa wong iku ora bakal padha ngarani, yen kowe padha ngomyang?

24. Balik manawa kabeh padha medhar wangsit, nuli ana wong kang ora pracaya utawa wong anyar lumebu, iku bakal kawelehake dening wong akeh, sarta dititi-priksa dening wong akeh mau;

25. sakehe wewadi kang sumimpen ana ing batine bakal kelair, satemah bakal sumungkem sujud marang Gusti Allah sarta ngakoni: “Sanyata Gusti Allah ana ing tengah-tengahmu.”

26. Kang iku saiki kapriye, para sadulur? Samangsa kowe padha kumpulan, saben wong padha nyaosna pisungsung: kang siji masmur, sijine piwulang utawa wedharaning Allah, utawa peparing basa-roh, utawa njarwakake basa-roh, nanging kabeh iku mau katindakna kanggo mbangun.

27. Dene manawa ana kang ngucap nganggo basa-roh, becike wong loro utawa keh-kehe wong telu bae, giliran, lan anaa siji kang njarwakake.

28. Nanging manawa ora ana wong kang bisa njarwakake, becike wong-wong mau ana ing pasamuwan padha menenga bae, mung mosika ana ing atine dhewe, lan munjuk ana ing ngarsaning Allah.

29. Mungguhing nabi-nabi -- becike anaa loro utawa telu saka ing antarane kang padha medharake pitutur, dene liyane padha nanggapana kang padha diwedharake mau.

30. Nanging manawa wong panunggalane kang padha lungguhan iku ana kang kaparingan wangsit, prayogane kang dhisik iku menenga.

31. Ujer kowe kabeh padha bisa gentenan medhar wangsit, satemah kowe padha oleh piwulang sarta oleh panglipur.

32. Karodene rohing para nabi iku manut marang nabine.

33. Awit kang dadi keparenge Gusti Allah iku ora ngarsakake kaanan kang kisruh, nanging kang tata rukun.

maca bab lengkap 1 Korinta 14