Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 14:12-22 Kitab Sutji (JAV)

12. Mangkono uga kowe: Kowe pancen padha nggayuh marang peparinge Sang Roh, nanging luwih becik maneh padha ngudia, supaya kowe bisa migunakake kanggo pambanguning pasamuwan.

13. Mulane sing sapa ngucapake basa-roh, nyenyuwuna supaya bisa njarwakake.

14. Sabab yen anggonku ndedonga nganggo basa-roh, iku rohku kang ndedonga, nanging akal budiku ora melu ndedonga.

15. Kang iku apa kang kudu daktindakake? Aku arep ndedonga nganggo rohku, nanging aku uga ndedonga nganggo akal-budiku; aku arep ngidung lan memuji nganggo rohku, nanging ngidung lan memuji nganggo akal-budiku uga.

16. Sabab, manawa anggonmu muji sokur mung nganggo rohmu, wong lumrah kang padha ana ing kono, kapriye anggone bisa ngamini pamuji sokurmu iku? Wong mau rak ora padha ngreti apa kang kokucapake?

17. Sabab sanadyan pamuji sokurmu iku iya becik banget, nanging wong liya ora kabangun.

18. Aku saos sokur marang Gusti Allah, dene anggonku ngucapake basa-roh iku ngluwihi kowe kabeh.

19. Nanging ana ing pasamuwan aku luwih seneng ngucapake limang tembung kang bisa dimangreteni kanggo mulang wong liya, katimbang tembung pirang-pirang ewu ing basa-roh.

20. Para sadulur, pikiranmu aja kaya bocah. Nanging ing bab piala dikaya bocah, nanging pikiranmu dikaya wong diwasa.

21. Ing angger-anggering Toret ana tulisan mangkene: “Ingsun bakal mangandikani bangsa iki lumantar wong kang basane seje, sarta lumantar lambene wong manca; ewasamono bangsa iku ora bakal ngrungokake marang Ingsun, mangkono pangandikane Pangeran.”

22. Dadine basa-roh iku minangka pratandha kanggo wong kang padha ora pracaya, ora kanggo wong kang padha pracaya; dene pamedhar wangsit iku minangka pratandha kanggo wong kang padha pracaya, ora kanggo wong kang ora padha pracaya.

maca bab lengkap 1 Korinta 14