Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 13:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Sanadyan aku bisa ngucapake sarupaning basane manungsa lan malaekat, nanging yen sepi ing katresnan, aku padha bae kaya gong kang ngumandhang utawa bendhe kang ngangkang.

2. Sanadyan aku kadunungana peparing bisa medhar wangsit, lan sumurup ing sakehe kawruh, lan sanadyan aku duwe pangandel kang sampurna nganti bisa ngelih gunung, nanging yen aku sepi ing katresnan, iku aku ora aji babar pisan.

3. Lan sanadyan aku ndanakna sabarang darbekku kabeh, malah sanadyan aku masrahna badanku supaya diobong, nanging yen sepi ing katresnan, iku ora maedahi apa-apa marang aku.

4. Katresnan iku sabar; katresnan iku loma, ora kumeren, ora gumunggung lan kumenthus.

maca bab lengkap 1 Korinta 13