Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 11:28-34 Kitab Sutji (JAV)

28. Mulane saben wong ndadara awake dhewe, lan sawise mangkono lagi mangan roti lan ngombe ing tuwung iku.

29. Sabab sing sapa mangan sarta ngombe ora kalawan ngakoni sarirane Gusti, iku bakal nekakake paukuman marang awake dhewe.

30. Mulane akeh ing antaramu kang padha ringkih lan laranen, sarta ora sathithik kang padha nemahi pati.

31. Nanging manawa kita padha ndadar awak kita dhewe, kita ora bakal tampa paukuman.

32. Nanging manawa kita padha tampa paukuman saka Gusti, iku kita padha kaperdi, supaya kita aja nganti kaukum barengan karo jagad.

33. Mulane para sadulurku, samangsa kowe padha klumpukan mangan, padha enten-ingentenana.

34. Dene yen ana wong kang luwe, becike mangan dhisik ana ing omahe, supaya anggonmu padha kumpulan iku aja nganti nekakake paukuman. Mungguh bab-bab liyane bakal dakpranata besuk satekaku.

maca bab lengkap 1 Korinta 11