Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 11:19-28 Kitab Sutji (JAV)

19. Awit ing antaramu pancen kudu ana pasulayan, supaya ing mengko katitika sapa saka ing antaramu kang padha tumemen.

20. Manawa kowe padha masamuwan iku ora nedya mangan bujanane Gusti.

21. Sabab nalikane padha kembul mangan iku, saben wong ndhisiki njupuk pangane dhewe, satemah kang siji kaluwen, sijine mendem.

22. Apa kowe ora duwe omah dhewe kang kena kokenggo mangan lan ngombe? Apa kowe padha arep ngremehake pasamuwane Gusti Allah, sarta mirangake wong kang padha ora deduwen? Apa ta kang arep daktuturake marang kowe? Apa aku kudu ngalem kowe? Tumrap prakara iki, aku ora ngalem.

23. Sabab apa kang wis daktampa saka Gusti iku, iya wus dakluntakake marang kowe, yaiku, yen Gusti Yesus, ing wayah bengi nalikane Panjenengane ndungkap kaulungake, mendhet roti,

24. lan sauwise saos sokur, tumuli dicuwil-cuwil sarta ngandika: “Iki badanKu, kan kaulungake marga saka kowe; iki padha tindakna minangka pangeling-eling marang Aku!”

25. Mangkono uga tuwunge, sawuse dhahar, pangandikane: “Tuwung iki prajanjian anyar kang kaecap kalawan getihKu. Saben-saben kowe padha ngombe, iku gawenen pangeling-eling marang Aku!”

26. Awit saben-saben kowe padha mangan roti iki sarta ngombe ing tuwung iki, iku ateges kowe padha martakake sedane Gusti nganti tumeka ing rawuhe.

27. Dadi sing sapa kanthi sawiyah-wiyah anggone mangan roti sarta ngombe ing tuwunge Gusti, iku dosa marang sarira lan rahe Gusti.

28. Mulane saben wong ndadara awake dhewe, lan sawise mangkono lagi mangan roti lan ngombe ing tuwung iku.

maca bab lengkap 1 Korinta 11