Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 11:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Padha nulada marang aku, dikaya aku iya nulad Sang Kristus.

2. Aku ngalem kowe, sabab ana ing samubarang prakara kowe padha tetep eling marang aku lan padha ngantepi piwulang kang dakwenehake marang kowe.

3. Nanging karepku, kowe padha nyumurupana bab iki, yaiku sesirahe saben wong lanang iku Sang Kristus, dene sesirahe wong wadon iku kang lanang, sarta Sesirahe Sang Kristus iku Gusti Allah.

4. Saben wong lanang kang ndedonga utawa medhar wangsit kanthi sirah kudhungan, iku ngremehake sirahe dhewe.

5. Nanging saben wong wadon kang ndedonga utawa medhar wangsit sirahe tanpa kekudhung, iku ngremehake sirahe dhewe, sabab padha bae karo wong wadon gundhul.

6. Sabab wong wadon manawa ora gelem kudhungan, iku aluwung cukura pisan. Nanging manawa cukuran iku njalari remehing wong wadon, becike iya padha nganggoa kudhung.

7. Dene wong lanang iku ora prelu nganggo kudhung, awit wong lanang iku nyunarake citra lan kamulyaning Allah. Dene wong wadon iku nyunarake kamulyaning wong lanang.

8. Ujer wong lanang iku asale ora saka wong wadon, nanging wong wadon kang asale saka wong lanang.

9. Sarta wong lanang iku anggone katitahake ora marga saka wong wadon, nanging wong wadon kang katitahake marga saka wong lanang.

10. Mulane wong wadon iku nganggo pratandhaning kawibawane ana ing sirahe, marga saka para malaekat.

11. Ewadene, ana ing Gusti ora ana wong wadon tanpa wong lanang, lan ora ana wong lanang tanpa wong wadon.

12. Awit kayadene anane wong wadon iku saka wong lanang, mangkono uga anane wong lanang iku lantaran wong wadon; lan samubarang kabeh iku pinangkane saka Gusti Allah.

13. Padha timbang-timbangen dhewe: Apa pantes wong wadon ndedonga marang Gusti Allah, sirahe kok ora kudhungan?

maca bab lengkap 1 Korinta 11