Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 1:6-16 Kitab Sutji (JAV)

6. laras karo paseksen bab Sang Kristus, kang wus kayektekake ana ing antaramu.

7. Satemah kowe padha ora kekurangan ing bab sadhengah ganjaran, sajrone kowe padha nganti-anti kebabare Gusti kita Yesus Kristus.

8. Panjenengane iya bakal nyantosakake kowe nganti tumeka ing wekasan, temah kowe padha tanpa cacad besuk ing dinane Gusti kita Yesus Kristus.

9. Gusti Allah, kang wus nimbali kowe marang patunggilane Kang Putra Yesus Kristus, Gusti kita, iku setya tuhu.

10. Ewadene kowe padha dakpituturi, para sadulur, marga saka Asmane Gusti kita Yesus Kristus, kowe kabeh dipadha saiyeg sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowe padha raket-rukuna, tunggal budi sarta tunggal pangrasa.

11. Sabab, para sadulurku, aku wis diwartani dening wong-wong saka brayate Khloe ing ngatase kowe kabeh, yen ing antaramu ana padudon.

12. Kang dakkarepake iku yaiku siji-sijine panunggalanmu calathu: Aku iki golongane Paulus! Aku golongane Apolos! Aku saka golongane Kefas! Utawa aku golongane Sang Kristus.

13. Apa Sang Kristus iku kaperang-perang? Apa Paulus iku kasalib marga saka kowe? Utawa apa kowe padha kabaptis ing jenenge Paulus?

14. Aku saos sokur dene sijia bae saka ing antaramu ora ana kang dakbaptis kajaba Krispus lan Gayus,

15. satemah ora ana wong kang bisa kandha yen kowe padha kabaptis ing jenengku.

16. Aku iya mbaptis brayate Stefanus. Aliya saka iku aku ora kelingan, yen ana wong liyane maneh kang dakbaptis.

maca bab lengkap 1 Korinta 1