Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 1:18-31 Kitab Sutji (JAV)

18. Awit pawarta bab salib iku pancen dadi kabodhoan tumrape wong kang bakal padha tiwas, nanging kanggo kita kang padha kapitulungan rahayu, dadi sawab kang saka Gusti Allah.

19. Sabab ana tulisan mangkene:“Ingsun bakal nglebur kawasisane para wong wasis,lan kapinterane para wong pinter bakal Sunsirnakake.”

20. Ana ing ngendi wong kang wasis? Ana ing ngendi ahli Toret? Ana ing ngendi juru bantah ing jaman iki? Gusti Allah rak wis ndadekake kawasisane jagad iki dadi kabodhoan?

21. Awit sarehne jagad sajroning kawicaksanane Gusti Allah ora wanuh marang Panjenengane kalawan kawasisane, mulane wus dadi keparenge Gusti Allah mitulungi rahayu marang para wong kang padha pracaya marga saka kabodhoaning pakabaran Injil.

22. Wong Yahudi padha njaluk pratandha, lan wong Yunani padha ngupaya kawasisan,

23. balik aku padha martakake Sang Kristus kang sinalib: mungguhing wong Yahudi dadi sandhungan lan tumrap kang dudu wong Yahudi dadi kabodhoan,

24. nanging tumrap para kang katimbalan, wonga Yahudi, wonga kang dudu wong Yahudi, Sang Kristus iku dadi kakiyataning Allah lan kawicaksananing Allah.

25. Awit kabodhoan kang saka Gusti Allah iku luwih wicaksana katimbang karo manungsa, lan karingkihan kang saka Gusti Allah iku luwih rosa katimbang karo manungsa.

26. Padha ngelingana bae para sadulur, kapriye kaananmu nalikane kowe padha katimbalan, miturut ukuraning manungsa ora akeh kang kalebu wong wasis, ora akeh wong kang kalebu gedhe wibawane, ora akeh wong kang kalebu bangsa luhur.

27. Nanging kang kaanggep bodho mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake para wong wicaksana, apadene kang kaanggep ringkih mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake kang rosa,

28. lan kang asor sarta nistha mungguhing jagad, iku kapilih dening Gusti Allah, malah kang ora ana ajine kapilih dening Gusti Allah kanggo ngorakake kang aji,

29. supaya aja ana manungsa sijia bae kang gumunggung ana ing ngarsane Gusti Allah.

30. Nanging awit saka Panjenengane kowe wus padha ana ing Sang Kristus kang marga saka Gusti Allah wus dadi kawasisan tumrap kita. Panjenengane wus ngleresake, nucekake sarta nebus kita,

31. supaya cundhuka karo kang katulisan, wiraose: “Sing sapa ngegung-egungake, iku ngegungna mungguh ing Pangeran.”

maca bab lengkap 1 Korinta 1