Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 1:10-20 Kitab Sutji (JAV)

10. Ewadene kowe padha dakpituturi, para sadulur, marga saka Asmane Gusti kita Yesus Kristus, kowe kabeh dipadha saiyeg sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowe padha raket-rukuna, tunggal budi sarta tunggal pangrasa.

11. Sabab, para sadulurku, aku wis diwartani dening wong-wong saka brayate Khloe ing ngatase kowe kabeh, yen ing antaramu ana padudon.

12. Kang dakkarepake iku yaiku siji-sijine panunggalanmu calathu: Aku iki golongane Paulus! Aku golongane Apolos! Aku saka golongane Kefas! Utawa aku golongane Sang Kristus.

13. Apa Sang Kristus iku kaperang-perang? Apa Paulus iku kasalib marga saka kowe? Utawa apa kowe padha kabaptis ing jenenge Paulus?

14. Aku saos sokur dene sijia bae saka ing antaramu ora ana kang dakbaptis kajaba Krispus lan Gayus,

15. satemah ora ana wong kang bisa kandha yen kowe padha kabaptis ing jenengku.

16. Aku iya mbaptis brayate Stefanus. Aliya saka iku aku ora kelingan, yen ana wong liyane maneh kang dakbaptis.

17. Sabab Sang Kristus anggone ngutus aku iku ora supaya mbaptis, nanging supaya ngabarake Injil, lan bab iku ora nganggo kawasisaning tembung, supaya salibe Sang Kristus aja nganti dadi nglaha.

18. Awit pawarta bab salib iku pancen dadi kabodhoan tumrape wong kang bakal padha tiwas, nanging kanggo kita kang padha kapitulungan rahayu, dadi sawab kang saka Gusti Allah.

19. Sabab ana tulisan mangkene:“Ingsun bakal nglebur kawasisane para wong wasis,lan kapinterane para wong pinter bakal Sunsirnakake.”

20. Ana ing ngendi wong kang wasis? Ana ing ngendi ahli Toret? Ana ing ngendi juru bantah ing jaman iki? Gusti Allah rak wis ndadekake kawasisane jagad iki dadi kabodhoan?

maca bab lengkap 1 Korinta 1