3. Amarga sira bakal tangkar-tumangkar ngiwa nengen,turunira bakal padha ndarbeni papaning para bangsa,tuwin bakal padha ngenggoni kutha-kutha kang sepi.
4. Sira aja wedi, awit ora bakal kawirangan,lan aja rumangsa isin,sabab sira ora bakal nandhang wirang.Amarga sira bakal lali marang kawiranganing nom-nomanira,tuwin ora bakal eling maneh marang nisthane anggonira dadi randha.
5. Amarga kang dadi somahira iku Panjenengane kang nitahake sira,kang asma pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah;kang jumeneng Panebusira yaiku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel,kang sinebut Gusti Allahe salumahing bumi.
6. Awit kayadene wong wadon kang ditinggal lan kang susah atineanggonira katimbalan maneh dening Sang Yehuwah;garwa jaka-lara rak ora bakal tetep katampik?Mangkono pangandikane Gusti Allahira.
7. Mung sadhela anggoningSun nilar sira,nanging marga saka sih-piwelasingSun kang linuwih sira Sunpundhut maneh.
8. Ing sajroning dukaningSun kang bangetIngsun wus ngaling-alingi wedananingSun marang sira sadhela,nanging marga saka sih-susetyaningSun kang langgengIngsun wus ngatingalake sih-piwelasingSun marang sira,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebusira.
9. Kaanan iku tumrap Ingsun kaya ing jamane Nuh:kayadene anggoningSun wus supaos marang dhewekemanawa banyu ora bakal nutupi bumi maneh,mangkono uga Ingsun iya wus supaosmanawa Ingsun ora bakal duka maneh marang siralan ora bakal mbendoni sira maneh.