1. Wangsit kang tumuju marang Babil kang kaparingake marang Nabi Yesaya, putrane Sang Amos.
2. Masanga gendera ana ing gunung kang gundhul,nguwuh-uwuha marang para wong iku kalawan swara sora;ngawe-awea supaya iku padha lumebuing gapura-gapurane para wong luhur!
3. Ingsun iki wus paring dhawuh marang para wong kang Sunsucekake,wus nimbali para wongingSun kang prakosasupaya matrapi paukumaning bebenduningSun,marang para wongingSun, kang padha suka-suka lan gumunggung.
4. Ana swara rame ing gunung-gunung,kaya swaraning kumpulaning wong kang akeh cacahe!Swara gumuruhing karajan-karajan,lan bangsa-bangsa kang padha nglumpuk!Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitahlagi niti-priksa wadya-bala perang.