32. Dhawuh pangandikane Sang Yehuwah: Mulane lah bakal teka wektune, panggonan iki wus ora aran “Tofet” lan “Lebak Ben-Hinom” maneh, nanging “Lebak Panyembelehan”; wong bakal padha ngubur mayit ana ing Tofet, amarga wus kentekan pakuburan,
33. malah mayite bangsa iki bakal padha dadi pakane manuk ing awang-awang sarta sato kewan ing bumi, ora ana kang munasika.
34. Ing kutha-kutha ing Yehuda lan ing lurung-lurung ing Yerusalem swaraning kabungahan lan sukarena, swaraning penganten lanang lan wadon bakal Sunlerenake, amarga kutha iku bakal dadi papan kang sepi suwung.