43. Kawula wonten ing ngriki mapan wonten ing sacelaking belik punika, mugi keparenga kalampahan makaten: Pundi prawan ingkang medal badhe ngangsu, samangsa kula tembungi: Aku wenehana banyu sathithik saka ing junmu,
44. mangka wangsulanipun dhateng kula: Sumangga, panjenengan ngunjuk dalah unta panjenengan inggih badhe kula ombeni: inggih lare punika wau ingkang badhe dados jodhoning putranipun bendara kawula miturut pitedah Paduka.
45. Mangka saderengipun rampung anggen kula munjuk ing salebeting batos, lah Ribkah kledhang-kledhang dhateng sarta manggul junipun, mandhap dhateng belik pados toya. Lajeng kula tembungi: Engger, bok aku kokwenehi ngombe!
46. Sanalika lajeng ngandhapaken junipun kaliyan wicanten: Sumangga panjenengan ngunjuk, dalah unta panjenengan inggih badhe kula ombeni pisan. Kula lajeng ngombe, unta kula inggih dipun ombeni pisan.
47. Kula tumunten pitaken: Kowe iku anake sapa? Wangsulanipun: Anakipun Bapak Betuel putranipun Embah Nahor patutan saking Embah Milka. Lajeng kula enggeni sesupe ing irungipun saha gelang ing tanganipun.