15. Kenaa ing laknat wong kang gawe reca ukir-ukiran utawa cor-coran, gegaweane tukang, kang dadi jejember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta kang diprenahake ana ing panggonan kang ndhelik. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!
16. Kenaa ing laknat wong kang ngremahake marang bapa biyunge. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!
17. Kenaa ing laknat wong kang ngelih pathok watesing lemahe pepadhane. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!
18. Kenaa ing laknat wong kang nasarake wong wuta ana ing dalan. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!
19. Kenaa ing laknat wong kang nyahak wewenang wong ngamanca, bocah lola lan randha. Wong sabangsa kabeh padha sumaura bareng: Amin!
20. Kenaa ing laknat wong kang awor turu karo somahe bapakne, marga ngungkapi jarite bapakne. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!
21. Kenaa ing laknat wong kang laku jina karo sadhengah kewan. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!
22. Kenaa ing laknat wong kang nunggal turu karo sadulure wadon, anake bapakne utawa anake biyunge. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura: Amin!
23. Kenaa ing laknat wong kang nunggal turu karo embokne maratuwa. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!
24. Kenaa ing laknat wong kang mateni ana ing pasingidan. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!
25. Kenaa ing laknat wong kang nampani opah supaya mateni wong kang tanpa kaluputan. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!