57. padha murtad lan ora setya kaya para leluhure;padha nyimpang kaya gandhewa kang cidra;
58. padha gawe gerahing penggalihe Gusti Allah sarana tengger-tengger papang pangurbanane,sarta ndadekake bentering penggalihe marga saka reca-recane.
59. Bareng kapiyarsa dening Gusti Allah, temah Panjenengane banjur duka banget,Israel ditampik babar pisan;
60. mulane nilar padalemane ing Silo,tarub kang wus didalemi ana ing antarane manungsa;
61. kasantosane nuli diulungake dadi bandhangan,kamulyane dipasrahake marang ing tanganing mungsuh;
62. Panjenengane marengake bae umate kamangsa ing pedhang,sarta bendu marang kagungane piyambak.
63. Para wong non-nomane padha kamangsa ing geni,lan para prawane padha ora dialembana maneh kalawan kekidungan palakrama;
64. para imam padha mati dening pedhang,lan randhane ora padha bisa nangisi.
65. Ing kono Pangeran tumuli wungu, kaya wong kang keturon,kaya prawira kang wus eling saka anggone mendem anggur;
66. mungsuh-mungsuhe padha digebag temah padha mundur,padha kadamel nandhang wirang ing salawase.
67. Panjenengane nampik tarube Yusuf,taler Efraim ora kapilih,
68. nanging kang dipilih taler Yahuda,Gunung Sion kang kinasihan;
69. pasucene banjur dibangun nganti sundhul langit,kaya bumi kang tinalesan langgeng;
70. Panjenengane milih Dawud, abdine,kapundhut saka ing satengahe kandhang-kandhang wedhus;
71. kapundhut saka ing panggonane wedhus-wedhus kang padha nusoni,kapatah ngengon trahe Yakub, umate,iya Banisrael kagungane piyambak.