1. Masmur anggitane Prabu Dawud, nalika ana ing pasamunan Yahuda.
2. Dhuh Allah, Paduka punika Allah kawula, kawula ngupadosi Paduka,nyawa kawula ngorong dhumateng Paduka;daging kawula kangen dhumateng Paduka;kados siti ingkang garing lan gundhul, kasatan toya.
3. Kados makaten anggen kawula tumenga dhumateng Paduka wonten ing pasucen,kalayan nyawang dhateng karosan saha kamulyan Paduka.
4. Amargi sih-kadarman Paduka langkung sae tinimbang gesang;lambe kawula badhe memuji asma Paduka.
5. Inggih makaten punika anggen kawula badhe ngluhuraken Paduka ing salaminipun kawula gesang,ngulukaken tangan kawula margi saking asma Paduka.