Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 50:13-23 Kitab Sutji (JAV)

13. Apa Ingsun dhahar daginge sapi lanang,utawa ngunjuk getihing wedhus lanang?

14. Ngaturna panuwun minangka kurban marang Gusti Allah,lan luwarana nadarmu marang Kang Mahaluhur!

15. Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun,nuli Ingsun bakal mitulungi sira lan sira bakal ngluhurake Ingsun.” (Selah)

16. Balik marang wong duraka Gusti Allah ngandika mangkene:“Sira kok kumawani niti-priksa pranataningSun,lan cangkemira kok ngrasani prajanjianingSun,

17. mangka sira gething marang pameleh,sarta nyingkur marang pangandikaningSun.

18. Manawa sira weruh maling, sira banjur dadi kancane,sarta sira tetunggalan karo wong laku bedhang.

19. Cangkemira sira uja muni ala,sarta ilatira nganam-anam para cidra.

20. Sira lelungguhan nyatur alaning sadulurira,lan anake embokira sira pitenah.

21. Iya iku kang sira lakoni;nanging Ingsun kendel bae;panyananira Ingsun iki padha karo sira;sira mesthi Sunwelehake lan bab iki bakal Suncolok-colokake ana ing ngarepira.

22. He sira kang padha nyingkur marang Gusti Allah, padha gatekna;supaya aja nganti Sunsempal-sempal,lan ora ana kang ngluwari.

23. Sapa kang ngaturake pamuji minangka kurban, iku ngluhurake Ingsun;sapa kang jujur lakune,karahayon peparinge Gusti Allah bakal Suntedahake.”

maca bab lengkap Jabur 50