Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 122:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud.Aku bungah nalika ana wong kang kandha marang aku mangkene:“Ayo padha munggah menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah.”

2. Saiki sikilku padha tumapakana ing gapuramu, he Yerusalem.

3. He Yerusalem, kang wus kaadegakedadi kutha sesanggitan rapet,

4. kang kaunggahan dening para taler,yaiku para taler kagunganing Sang Yehuwah,prelu padha ngucap sokur marang asmaning Sang Yehuwah, nocogi pranatan tumrap Israel.

5. Awit ing kono prenahe dhampar-dhamparing pangadilan,dhampare trahe Prabu Dawud.

6. Yerusalem padha suwunna tentrem rahayu:“Sakehing wong kang tresna marang kowe ginanjara kasantosan.

maca bab lengkap Jabur 122