Layange padha kakirimake lumantar pelayangan kilat kasebar marang sakehing wewengkoning karajan, iku padha kadhawuhan numpes lan mateni sarta nyirnakake sakehing wong Yahudi wiwit kang anom tekan kang tuwa, dalah bocah-bocah lan wong wadon, karampungna ing sajroning sadina: iya iku ing tanggal kaping telulas sasi kang kaping rolas -- iya iku sasi Adar -- lan supaya bandha kasugihane karayaha.