1. Ing kono Ayub banjur mangsuli, pangucape:
2. “Adhuh muga karubedanku katrajua kalawan patitis,sarta kasrakatanku sinelehna ing timbangan!
3. Abote mesthi ngungkuli wedhi ing sagara;mulane metune tembungku sasar-susur.
4. Marga jemparinge Kang Mahakuwasa padha tumancep ing awakku,ampuhe sinesep ing nyawaku;aku tinempuh ing pagiris kang saka ing Allah.
5. Kuldi alasan apa iya gereng-gereng ana ing pasuketan ijo,sapi apa iya mbengah-mbengah ana ing ngarepe pakane?
6. Barang kang cemplang rasane apa dipangan tanpa uyah,utawa putihing endhog apa ana rasane?
7. Ndemok bae aku ora sudi,tumrap aku iku pangan kang ngunek-uneki.
8. Ah, muga-muga panyuwunku kabul,Gusti Allah muga karsa paring kang dadi pangarep-arepku!
9. Gusti Allah muga karsaa ngremuk aku,ngagagake astane sarta nguwisi uripku!