1. Elihu calathu maneh, tembunge:
2. “Sing sabar sadhela engkas, kowe arep dakwulang,awit isih ana kang arep dakkandhakake atas asmane Gusti Allah.
3. Aku arep ngetokake kawruhku kang muluk-muluksarta mbenerake kang nitahake aku;
4. awit sanyata ora goroh tembungku,kang arep-arepan karo kowe iki wong kang sampurna kawruhe.
5. Sumurupa, Gusti Allah iku prakosa, nanging ora ana barang kang karemehake,prakosane iku ing bab kakuwataning akal-budi.
6. Wong duraka ora padha dilestarekake urip,nanging wong kang sangsara padha kaparingan kaadilan.