Para juru ngidung, yaiku bani Asaf, padha ana ing papane dhewe, nocogi dhawuhe Sang Prabu Dawud, Sang Asaf, Sang Heman lan Sang Yedutun, wong sidik abdine Sang Nata mau; uga para jaga-gapura padha ana ing saben gapura. Iku ora usah padha ninggal kawajibane, amarga para sadulure, yaiku para wong Lewi, kang nyadhiyakake.