Sang Prabu Sisak ratu ing Mesir, banjur nglurugi lan nempuh Yerusalem. Prabot-prabot ing padalemaning Yehuwah lan raja-brana ing kraton pada kajarah; kabeh padha karayahan. Sang Prabu uga mundhuti tameng-tameng emas yasane Sang Prabu Suleman.