Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yokanan 8:12-21 Kitab Sutji (JAV)

12. Gusti Yesus paring dhawuh maneh marang wong akeh: “Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip.”

13. Unjuke para wong Farisi: “Panjenengan nekseni sarira Panjenengan piyambak, paseksen Panjenengan boten sah.”

14. Dhawuh wangsulane Gusti Yesus: “Sanadyan Aku nekseni awakKu dhewe, nanging paseksenKu iku nyata, amarga Aku sumurup ing sangkan-paranKu. Nanging kowe padha ora sumurup sangkan-paranKu iku.

15. Anggonmu padha njeksani iku nganggo ukuraning manungsa, Aku ora njeksani wong siji-sijia,

16. dene manawa Aku njeksani, anggonKu njeksani iku sabenere, amarga Aku ora ijen, ananging Aku bebarengan karo Panjenengane kang ngutus Aku.

17. Lan sajroning Toretmu katulisan, yen paseksene wong loro iku sah.

18. Aku kang nekseni mungguh awakKu dhewe, lan uga Sang Rama kang ngutus Aku iya nekseni mungguh ing Aku.”

19. Wong mau oadha munjuk: “Ingkang Rama wonten ing pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe padha ora wanuh marang Aku, lan iya ora wanuh marang RamaKu. Manawa kowe wanuh marang Aku, mesthi iya wanuh marang RamaKu.”

20. Pangandika iku mau kadhawuhake dening Gusti Yesus nalika Panjenengane memulang ana ing Padaleman Suci, sacedhake pethi bet-amal, ewadene ora ana wong siji-sijia kang nyekel Panjenengane, amarga durung tumeka ing wektune.

21. Gusti Yesus tumuli ngandika maneh marang wong akeh: “Aku iki bakal lunga, lan kowe bakal padha nggoleki Aku, nanging bakal padha mati sajroning dosamu. Ing ngendi paranKu, kowe ora padha bisa mrana.”

maca bab lengkap Yokanan 8