1. “Ing wektu iku Kratoning Swarga bakal kaupamakake kaya prawan sapuluh, kang mangkat methuk panganten lanang kanthi nggawa diyan.
2. Sing lima bodho, sing lima pinter.
3. Prawan-prawan sing bodho mau nggawa diyane ora nganggo nggawa lenga serepan,
4. dene prawan-prawan sing pinter, kajaba nggawa diyane, isih nggawa wadhah isi lenga.
5. Nanging sarehne pangantene nganti suwe ora teka-teka, prawan-prawan mau padha nganthuk lan banjur turu.
6. Bareng wayah tengah wengi keprungu swara wong alok-alok: Mantene teka! Padha pethuken!
7. Prawan-prawan mau padha tangi lan nata diyan-diyane.
8. Prawan-prawan sing bodho nembung marang prawan-prawan sing pinter: Bok aku wenehana lengamu sathithik bae, diyanku wis arep mati.
9. Nanging wangsulane prawan-prawan kang pinter: Aja, mengko ora sedheng kanggo aku lan kanggo kowe. Angur menyanga enggone sing dodol, tukua dhewe.
10. Nanging nalika lagi padha lunga tuku lenga, mantene teka, prawan-prawan sing wis miranti padha melu manten lumebu menyang ing pahargyan, lawange banjur dikancing.