Sang Prabu ugi nguningani prakawis punika sadaya, awit saking punika kawula kalawan tatag saha tanpa tedheng aling-aling matur wonten ing ngarsanipun. Kawula yakin, bilih sadaya punika boten wonten satunggal kemawon ingkang dereng nate kapirengaken, awit prakawis punika boten kalampahan wonten ing panggenan ingkang kiwa.