23. Aja mung ngombe banyu thok bae maneh, nanging dokokana anggur sathithik, marga wetengmu rewel lan awakmu kerep lara.
24. Dosane wong sawatara iku cetha banget, nganti kaya-kaya ndhisiki wong-wong mau menyang ing pangadilan, nanging dosane wong sawatara maneh lagi kacetha besuk.
25. Samono uga panggawe becik iku enggal kacetha, lan yen ora mangkono, iku iya ora bisa terus-terusan kaaling-alingan.