Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 13:9-13 Kitab Sutji (JAV)

9. Awit kawruh kita iku ora ganep, lan pamedhar wangsit kita ora sampurna.

10. Nanging satekane kang sampurna, kang ora sampurna iku bakal sirna.

11. Nalika aku isih bocah, gunemanku kaya bocah, pangrasaku kaya bocah, pamikirku kaya bocah. Bareng saiki aku diwasa, kaananku kaya bocah mau wis dakbuwang.

12. Amarga kita saiki padha ndeleng gambar kang ora cetha ana ing pangilon, nanging besuk kita bakal padha ndeleng adu arep. Ing saiki aku mung sumurup ora kalawan sampurna, nanging besuk aku bakal sumurup kanthi sampurna, padha kaya anggonku kapirsanan.

13. Dadine kari telung prakara iki, yaiku: pracaya, pangarep-arep lan katresnan, nanging kang pinunjul dhewe ing antarane iku, yaiku: katresnan.

maca bab lengkap 1 Korinta 13